Prakata

Digitalisasi

Berkas ini ditulis ulang dari Buku, dengan text sesuai aslinya.

Artikel asli

Edisi Cetak (tulis ulang).

Edisi cetak (tulis ulang) dari Silsilah Gitodipuro ini, tersedia dalam format PDF.

Daftar Isi


Ringkas

Kata Pengantar

Fatwa Ibu/ Eyang Ponodiningrat I

Keterangan Kode/ Tanda-Tanda

Silsilah

Keturunan


2: Kata Pengantar

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Bermula pada pertemuan Kadang Kadeyan Kalioso, pada bulan Ruwah 1928 atau pada bulan Januari 1996 di Surakarta, oleh Ayunda Ponodiningrat disampaikan kepada saya, keinginan beliau menyusun SILSILAH GITODIPURAN bersamaan dengan renovasi makam EYANG GITODIPURO di BRANG TENGAH.

Dengan lilalegawa saya sebagai penerus KADANG KADEYAN Trah KALIOSO menyanggupkan diri untuk membantu menyusun dan merakit SILSILAH GITODIPURAN sesuai dengan sekelumit kemampuan maupun pengalaman saya di bidang KESILSILAHAN dan pengetahuan tentang AHLI WARIS KALIOSO.

Kesepakatan kami, Ayunda Ponodiningrat mengumpulkan data dari Putro Wayah Eyang Gitodipuro dan saya mengambil dari data yang ada dari buku-buku Silsilah Kalioso, antara lain Buku Silsilah sususnan Bapak Sasmoyo Mangunsutomo, susunan Bapak Darmowiyoto, susunan Panitia Silsilah Leluhur Kalioso, Silsilah Onggowangsan, Silsilah Gagatan dsb

Pengumpulan data terus berlanjut, mulai bulan Februari 1996 saya menyusunnya dengan sistem pengelompokan dari Putra-Putri Eyang Gitodipuro. Karena jumlah putra putrinya 12 orang, maka kami buat menjadi 12 kelompok.

Sampai akhir Mei 1996 ternyata masih banyak data yang belum masuk. Akhitnya diputuskan untuk langsung MENYUSUN dari DATA yang telah ada. Bagi yang belum ada datanya terpaksa ditinggal dengan harapan pada tanggal 11 Juli 1996 BUKU SILSILAH tersebut sudah jadi, seiring dengan selesainya RENOVASI MAKAM dan sebagai kenangan bagi diri saya, yang pada tanggal 11 Juli 1996 genap berusia 66 tahun.

Sebenarnya ingin saya sampaikan kepada Generasi Penerus, tentang langkah-langkah dan tindakan, perjuangan Eyang-Eyang kita di masa penjajahan Belanda, Maupun dalam membantu sekuat tenaga bilamana kerajaan Pajang, Mataram, Kartasura, Surakarta dan Jogyakarta dilanda kemelut, Eyang-eyang selalu tampil untuk ikut mengatasi, diminta atau tidak oleh penguasa. Untuk itu dalam lembar yang lain saja bilamana Allah SWT mengijinkan, akan kami paparkan.

Akhirnya bilamana saya dalam menyusun kata dan data banyak kesalahan dan kekurangannya harap dimaafkan serta dengan harapan data perbaikan dan kekurangan dikirim kepada saya untuk melengkapi kekurangannya.

Wassalam

Bekonang, 11 Juli 1996 Penulis

Saswidodo MS.


3: Fatwa Ibu/ Eyang Ponodiningrat I

Fatwa Ibu/ Eyang Ponodiningrat I

Anak Putu Kabeh

Aku aweh tjatetan SILSILAH KALIOSO kang tumuju putro wayah GITODIPURAN, ora mingsra amung kena kanggo tuntunan para ahli waris mundhak kepaten obor. Sokur padha gelem nyekar marang para Leluhur sarta ngleluri tindhak kang utama, nindakake kwajiban agama, bisa murakabi marang anak putuniro.

Kejawi kuwi aku aweh tjatetan satjuwil, paringane swargi Eyang GITOSAPOETRO, arupa piwulang sarta petung JAWA kanggo tinggalan, mbok menawa kowe kabeh mbutuhake, tinimbang takon wong liya, sing durung karuan bener.

Kuwi mau kabeh yen padha gelem nyinau sarta maca, dene yen ora gelem, ora dadi ngapa, sauger PITUTURE sarta PIWELINGE Eyang wis dak wenehake kowe kabeh.

Buku iki, sing ngrewangi aku nyusun, Bapak/ Eyangmu Saswidodo MS, sing pidalem ana Bekonang, saupomo ora direwangi mbokmenawa ora bisa rampung, amarga aku dhewe ora bisa. Dene sing takkon nyetak, mantune swargi kamas Djokojoewono, dene putrane kamas, wanita, jenenge Dra. Endang Yuwananti krama A. Bimanyu, SE. Akt.

Minangka panutuping tjrita, mbokmenawa ana luput sarta klera kleruning rembugku, aku banget-banget ndjaluk samodra pangaksama.

Surakarta, 11 Juli 1996 Ibu/eyang

Ponodiningrat

Midjil

Saiki Nyatethi dhawuhe Eyang, sing aku isih eling. ANAK PUTU kudu RUKUN. Eyang paring ngendika: "SING SAPA MARAHI ORA RUKUN, DAKSUWUNE TJENDHAK UMURE." Senadyan wis Seda, PEPALI kuwi isih kanggo.

Piwulange Eyang sing sepisan, ana tembang MIDJIL:

Dedalane Guna klawan sekti, Kudhu andhap asor, Wani ngalah dhuwur wekasane, Tumungkulo yen dipun dukani, Bapang den simpangi, Ana tjatur mungkur.

TEGESE: Yen arep nggayuh dadi wong sing luhur (berguna) karo sekti (peng-pengan) di dhawuhi andhap asor (ora gemedhe/adigang-adigung). Wani ngalah apa wae, tjlathu, mlaku, mangan, turu sarwa ngalah. tumungkulo yen lagi ana rembug sing ora kepenak. Ana bebaya disimpangi (didohi), ana tjatur (rembug sing kepenak/ora perlu dirungokake) mungkur.

Anak putu, menawa bisa ndjupuk sarine tembang MIDJIL kuwi, anane mung temtrem damai, nanging mboke menawa jaman saiki wis ora umum dilakoni, amarga rumangsane yen ngalah kuwi mesthi di idak-idak, ora kajen. Kowi kleru; ora biyen ora saiki, kukum isih laku ana manungsa siji lan sijine. Wong ngalah ora mesthi kalah.

  1. Tjlatu sendyan rewangmu rembugan ora bener, nanging ngeyel, ora perlu kok mbantah.

  2. Mlaku aja seneng ana ngarep, rada memburi sathithik.

  3. Mangan, tinimbang kok entekake dhewe, prayoga wenehna wong sathitihik.

  4. Turu aja dhemen dhisiki, prayoga kri, dadi rada wengi.

Sinom

Ana maneh dhawuhe saka tembang SINOM

Nulada laku utama, Trumrape wong tanah Jawi, Wong Agung Ing Ngeksiganda Panembahan Senopati, Kepati amarsudi, Sudaning hawa lan nepsu, Pinesu tapa brata, Tanapi ing siang ratri, Amemangun karya nak tyasing sasama

Nulad Eyang Panembahan Senapati, anggone amarsudi kurang dhahar sarta sare, agung denira tapa brata ing siang kalawan wengi (gawe enak atining liyan) dadi amung cinipta, liyan bisa seneng, ora nggawe cuwa, kang kaya mangkono abot anggone nglakoni, yen kurang turu sarta mangan, duga-duga amung awake dhewe, bareng nggawe enaking atine liyan. Senadyan abot nanging manawa ana karep, bisa uga antuk dalan sarta berkahing para leluhur, sarta Rochmating Pangeran.

Sinom

Petung wilujengan tinggal donya.

Siji-siji yen sur tanah, Tiga-tiga tigang hari, Pitu loro pitung dina, Lima-lima kawan desi, Loro lima nyatusi, Papat-papat pendhakipun, Kanem kalawan lima, Wilujengan sewu hari, Den waspada ngetung tanggal geblagira.

Iki mau petung saka Rangga Warsitan, ing almanak uga ana, nanging sok uga ora maca utawa nyinau;

Iki dak wenehi contoh:

Seda dina Senen Kliwon tanggal 1 Sura tahun awu 1929.

Kepetung: siji-siji.

Yen telung dina; tiga-tiga:

dadi ana Dina Rebo Pahing tanggal 3 sura Tahun Wawu 1929

Pitung Dina: pitu loro (dinane pitu, pasaran loro)

Ahad legi tanggal 7 Sura tahun Wawu 1929

Patang puluh dina: lima-lima: Sasi candhake (Sapar)

Jum'at Wage tanggal 10 Sapar tahun Wawu 1929

Satus dina: loro lima:

4 sasi candhake dina Selasa Wage sasi Rabingulakir tahun Wawu 1929

Pendhak I: (papat-papat)

dina Kemis Pon sasi Suro tahun Jimakir 1930

Pendhak II: (tgl geblage):

1 Sura tahun Alip 1931

1000 dina: (kanem kalima)

Sasi maju 2, dina maju 5. Sasi Mulud dina Saptu wage tahun alip 1931.

Coba metunga, mbokmenawa ora cocok, menawa aku isih diparingi umur dawa, takono aku.

Siki petung dina karo pasaran, menawa bisa nembang diapalake nganggo tembang. Uga kaya ngetung wilujengan priyayi seda, kaya ing dhuwur kuwi, apalna nganggo nembang, wis ben kagunan Jawa aja nganti ilang, kalindhih dening kabudayan liya.

Dhandhanggula

Neptu Dina lan Pasaran

Dhandhanggula

Dina akad lima neptuneki, Senen papat Salasanya tiga, Rebo Pitu kang neptune, Kemis wolu neptunipun, Apan enem Jumuwahneki, Setune kang sasanga, Pasaran sinambung, Kliwon wolu Legi lima, Pahing sanga Pon pitu neptunya nenggih, Wage neptu sekawan.

Akad: 5; Senen: 4; Selasa:3; Rebo: 7; Kemis: 8; Jum'at: 6; Sabtu: 9; Pahing: 9; Pon: 7; Wage: 4; Kliwon: 8; Legi: 5.

Candra Dina lan Pasaran

  1. Akad : Samudana.
  2. Senen : Samuwa.
  3. Selasa : Sujana.
  4. Rebo : Sembada.
  5. Kemis : Suroso.
  6. Jum'at : Suci.
  7. Sabtu : Sesumbung.
  • Wage : kaku.
  • Kliwon : micara.
  • Legi : saguh.
  • Pahing : titi (angel).
  • Pon : pamer.
Akad Samudana; tegese sabarang gawe ngati-ati, ora kesusu ngairake kekarepan.
Senen Samuwa; tegese apa-apa wae kudu njaluk becik.
Selasa Sujana; tegese ngati-ati, ora angger wong dipercaya.
Rebo Sembada; tegese sabarang gawe ditandangi kanthi rampung.
Kemis Suroso; tegese apa-apa dirasak-rasakake.
Jum'at Suci; tegese resik lahir bathinne.
Sabtu Sesumbung; tegese dhemen mada demen ngalem.
Wage Kaku; kakon aten naging setya.
Kliwon Micara, bisa nganggit basa.
Legi Saguh, sabarang ora nampik.
Pahing Titi ing ati (angel).
Pon Pamer, mamerake apa kang di darbeki klebu anak putu.

Candra priyayi kuwi ora mesthi persis, amung mirip, dene menawa Wuku kuwi ora akeh empere. Eman saiki almanak sing ana Wukune wis ora ana, aku biyen duwe, entek kebanjiran.

Sinom

Isih ana piweling sarana nganggo tembang patang pada Sinom.

I.

Paring sabda mring pra putra Miwah wayah buyut sami Mrih samya karaharjan Ayem tetrem kang pinanggih Telung prakarya yekti Kang wajib tinulad estu Nistha, Madya, Utama Den waspada denya milih Lamun milih utama ingkang sanyata.

II.

Ginawe cuwa sang mitra Winales ginawa becik Madya mung sapda-pada Lamun nistha kang sayekti Antuk becik pan nenggih Winales ala miwah dur Tan antuk ngamal sanyata Mula milih kang utami Karya tentrem murakabi turunanira.

III.

Sabarang tindak mungngalah Aywa kongsi karya runtik Rukun gawe santosa Dhemen darma ing liyan yekti Aywa remen kikib Tindak tanduk sarwa jujur Ngedohke dur angkara Wani ngalah ing sasami Tresna miwah asih ing sapadha-padha.

IV.

Iki kabeh weling ingwang Mring pra putra turun mami Putu buyut miwah canggah Estokna kang sayekti Karya tentreming ati Ingsun aparing pangestu Reharja kang pinanggya Ayem guyub rukun sami Weling ingsun mugi Gusti angalbuna.

Sinom patang pada iki isi pitutur tindak telung prakara: NISTHA, MADYA, UTAMA.

Menawa

Nistha iku kowe digawe becik, kok wales ala. Madya yen dibeciki uga wales mbeciki. UTAMA menawa kowe DIALANI kok wales BECIK iku kang aran UTAMA.

Mula padha nggayuha tumindak UTAMA, kena nganggo mbekali anak putu dadi becik.

Wis samene dhisik anggonku nularake tinggalan pituture eyang. Muga-muga kowe kabeh bisa nulad sarta nglakoni kang dadi pangandikane Eyang.

Iki aku pamit sarta njaluk gunging pangapura menyang kowe kabeh kang maca buku SILSILAH, mbokmenawa ana klera kleruning basa sarta tulisan, menawa bisa ngelingake (mbenerake).

Gambuh

I.

Gambuhing raos estu Sru karenan ing sajroning kalbu Bisa nyusun buku silsilah sayekti Nora mingsra kang satuhu Amung agawe lelucon.

II.

Senadyan akehing laku Golek sisik melik kang satuhu Para waris kang sumebar ngendi-endi Nora ketang thumuk-thumuk gya lumaku alon-alon.

III.

Rumongso yen wus sepuh Nanging ing tyas banget anyenyuwun Bagas waras saged ngrampungake yekti Damel tingalan kang buku Aywa kepaten kang obor.

IV.

Senadyan wus pikun Rereyongan pan lumaku terus Surabaya Jakarta myang Sala nenggih Taken-taken miwah tilpun Suka sukur ing tyas yektos.

V.

Gusti paring pituduh Lancar ora ana aralipun Muga-muga bisa munfangat sayekti Para waris padha rukun Ngerti silsilah sayektos.

VI.

Bisaa padha ngumpul Nora ketang sepisan setahun Padha nyekar para leluhurneki Mangerti ingkang saestu Lamun maksih kadang yektos.

VII.

Titi tamat kang wuwus Lega jroning bathin kang saestu Ibu, Eyang Ponodiningrat sayekti Amung paring puji sukur Mring pra wredha miwah anom

Ponodiningrat


4: Keterangan Kode/ Tanda-Tanda

  1. Tingkat Keturunan
Bahasa Jawa Bahasa Melayu
A Artinya Anak dari Gitodipuro Anak
B Artinya Putu dari Gitodipuro Cucu
C Artinya Buyut dari Gitodipuro Cicit
D Artinya Canggah dari Gitodipuro Piut
E Artinya Wareng dari Gitodipuro Miut
F Artinya Udeg-udeg dari Gitodipuro Anak Miut
G Artinya Gantung Siwur dari Gitodipuro Cucu Miut
H Artinya Gropak Senthe dari Gitodipuro Cicit Miut
I Artinya Debog Bosok dari Gitodipuro Piut Miut
  1. A.1. Berarti anak ke 1 dari Gitodipuro
    A.1.B.2. Berarti cucu ke 2 dari Gitodipuro ... dst

  2. ♂ = Laki-laki
    ♀ = Perempuan
    T.B. = Tidak berputra = Tidak berketurunan = Tidak berlanjut
    (aa) = anak angkat/ adopsi = anaknya suami/ isteri

  3. Ajal Alit artinya meninggal waktu masih kecil

  4. Gw = Garwo = Isteri/suami

  5. "+" = Kawin = Nikah


5: Silsilah

Sunan Giri

Dari Sunan Giri

Garwo Eyang Kartononagoro adalah Cucu Sinuwun Seda Krapyak Raja Mataram (K. Ratu Emas Sekar).

Kyai Gulu

Dari Kyai Gulu

Kyai H. Moch Qorib.

Dari Moch Qorib

Kyai Haji Yahya

Dari Kyai Yahya

Keterangan:

Garwo Eyang Haji Yahya:

  1. Dari Kedhung Gudel. (Mbah Dhonggudel)

  2. Putri dari Mlangi. (Eyang Mlangi)

  3. Putri Martowiguno. (Mbah Puh)

  4. Cucu H.B. III/Arab (Eyang Sripah)

  5. Putri dari Ngiso (Eyang Ngiso)

  6. Eyang Pringgo

Keterangan di atas didapat penulis dari ceritera/ fatwa/ pangandiko:

  1. Alm. Eyang Mangunsutomo (Mangun Moko)

  2. Alm. Eyang Mandro.

  3. Alm. Eyang Jogomandiro.

  4. Alm. Ibu Wiro Saleh

  5. Alm. Bpk. Poncopranoto

  6. Waktu penyusunan SILSILAH LELUHUR KALIOSO

  7. Alm. Ibu Sastrosadarno


6: Keturunan

Diagram Silsilah Gitodipuro

Garwo

Garwo

Keterangan Garwo Eyang Gitodipuro:

  1. Putri dari eyang Mangunredjo. (cucu Kayi Mojo Pahlawan Nasional)

  2. Putri dari RMT Kartodipuro, Surakarta

  3. Putri dari Juwangi

  4. Putri dari Gagatan. (Mbah Kuning)

Catatan:

Dari Ibu Ponodiningrat, bahwa Jaka Lara (isteri pertama) Eyang Gitodipuro adalah Mbah Sapen. Karena Mbah Sapen setelah mempunyai putra satu, yaitu Sukandar (ajal alit) lalu seda (meninggal), isteri-isteri beliau adalah yang tersebut di atas.

Ringkas

♂ Gitodipuro

  • Istri ke-1: ♀ Putri Mangunredjo

  • Anak: A01. ♂ Gitosuwiryo

  • Anak: A02. ♀ Hardopranoto

  • Istri ke-2: ♀ Putri Kartodipuro

  • Anak: A03. ♂ Gitosudirjo

  • Anak: A04. ♀ Djoyopawoko

  • Anak: A05. ♀ Sutopuspito

  • Anak: A06. ♂ Gitosaputro

  • Istri ke-3: ♀ dari Djuwangi

  • Anak: A07. ♀ Surohatmojo

  • Anak: A08. ♂ Kartohardjendro (ngusman)

  • Anak: A09. ♂ Ruslan

  • Anak: A10. ♀ Mangunsudiro

  • Anak: A11. ♂ Sudarjo

  • Istri ke-4: ♀ Putri dari Gagatan

  • Anak: A12. ♂ Brototenoyo

Keterangan: Sebelum Eyang Gitodipuro kromo dengan isteri 1 s/d 4 beliau sebenarnya telah kromo dengan Djakalara (Mbah Sapen) berputra seorang bernama Sukandar. Mbah Sapen kemudian meninggal dan putranya juga meninggal. Oleh sebab itu tidak kami masukkan ke dalam Silsilahan Gitodipuran ini. Hanya sebagai catatan untuk diketahui oleh Putro Wayah.

Rinci

♂ Gitodipuro

  • Istri 1: ♀ Putri dari Mangunredjo

  • Anak: A01. ♂ Gitosuwiryo
    • Anak: A01B01. ♂ Walidi/ Gitosuwiryo II
    • Anak: A01B02. ♂ Dempok (tidak berketurunan)
    • Anak: A01B03. ♂ Jalitheng Wimbobujono
    • Anak: A01B04. ♀ Menok Joyosumarto
    • Anak: A01B05. ♀ Mening Brotomiharjo

  • Anak: A02. ♀ Hardopranoto (Hardopradoto ?)

    • Anak: A02B01. ♂ Projopuspito
    • Anak: A02B02. ♂ Margosutadyo (tidak berketurunan)
    • Anak: A02B03. ♂ Soenadi (tidak berketurunan)
    • Anak: A02B04. ♂ Soentoro (tidak berketurunan)
    • Anak: A02B05. ♀ Soepadmi Prodjosumarmo (tidak berketurunan)
    • Anak: A02B06. ♂ Gitopuspito
    • Anak: A02B07. ♀ Soentari (tidak berketurunan)

  • Istri 3: ♀ Putri dari RMT. Kartodipuro, Surakarta

  • Anak: A03. ♂ Gitosudirjo
    • Anak: A03B01. ♂ Soegito/ Glondong (tidak berketurunan)
    • Anak: A03B02. ♂ Soekamto Sosrosoekamto
    • Anak: A03B03. ♂ Soekarto Mangoensoekarto
    • Anak: A03B04. ♀ Soekamni Sosromihardjo

  • Anak: A04. ♀ Djoyopawoko Suroyuwono
    • Anak: A04B01. ♂ Subagyo (tidak berketurunan) (Werk Dell)
    • Anak: A04B02. ♂ Djoyosuyitno
    • Anak: A04B03. ♀ Sumami Padmosoeyanto
    • Anak: A04B04. ♀ Soeyati Soemarjo
    • Anak: A04B05. ♀ Soemarti Prawirosoemarto (tidak berketurunan)
    • Anak: A04B06. ♀ Soekati Mangoensarkoro
    • Anak: A04B07. ♂ Soekardi
    • Anak: A04B08. ♂ Darmanto (tidak berketurunan) (korban romusha)

  • Anak: A05. ♀ Ireng (tidak berketurunan)
    • Suami: ♂ Soetopoespito

  • Anak: A06. ♂ Gitosaputro

    • Anak: A06B01. ♂ Djoko Daulat Mangkoesapoetro (+ Soekanti)
    • Anak: A06B02. ♂ Djoko Joewono (+Sri Rabidjah) (+ Soetarti)
    • Anak: A06B03. ♂ Djoko Waloejo (+ Soemarmi)
    • Anak: A06B04. ♀ Siti Rejeki (+Joesoep Poerwosapoetro)]
    • Anak: A06B05. ♀ Siti Lestari (+ Ponodiningrat)
    • Anak: A06B06. ♂ Danardo (tidak berketurunan)
    • Anak: A06B07. ♀ Woro Kartini (+ Ibnu Soebroto)

  • Istri 4: ♀ Putri dari Djuwangi

  • Anak: A07. ♀ Soerohatmodjo (+ Zaenab)
    • Anak: ♂ A07B01. Soewarno Soerohatmodjo
    • Anak: ♀ A07B02. Soemartin
    • Anak: ♀ A07B03. Soeroerin
    • Anak: ♀ A07B04. Soetarti
    • Anak: ♀ A07B05. Soemarni
    • Anak: ♂ A07B06. Soemarto Soerohatmodjo

  • Anak: A08. ♂ Ngusman Kartohardjendro
    • Istri 1: ♀ Kamsirin (tidak berketurunan)

    • Istri 2: ♀

    • Anak: A08B01. ♀ Siti Roeskani

    • Anak: A08B02. ♀ Istati Soebroto (anak angkat)

    • Anak: A08B03. ♀ Soedariyah Soemardjono (anak angkat)

  • Anak: A09. ♂ Roeslan Gitodipuro
    • Anak: A09B01. ♂ Roediman Roeslan
    • Anak: A09B02. ♂ Soedarsono Roeslan

  • Anak: A10. ♀ Mangoensoediro (Sayid Djihadi/ Kukuh)
    • Istri: ♀ Siti Aminah
    • Anak: A10B01. ♀ Sri (ajal alit)
    • Anak: A10B02. ♀ Siti Sawarni
    • Anak: A10B03. ♂ Katjoeng (ajal alit)
    • Anak: A10B04. ♂ Tjoek (ajal alit)
    • Anak: A10B05. ♀ Noek Siti Sawarsi
    • Anak: A10B06. ♀ Siti Sawarsi (tidak berketurunan)
    • Anak: A10B07. ♀ Siti Sawarin
    • Anak: A10B08. ♀ Siti Saparin (ajal alit)
    • Anak: A10B09. ♂ Pratiknyo
    • Anak: A10B10. ♂ Pradigdo (tidak berketurunan)
    • Anak: A10B11. ♂ Pratisno (ajal alit)
    • Anak: A10B12. ♂ Soeprapto Wresni Wiro

  • Anak: A11. ♂ Soetardjo (tidak berketurunan)

  • Istri 5: ♀ Putri dari Gagatan

  • Anak: A12. ♀ Bandinah

    • Suami: ♂ Brototenoyo
    • Anak: A12B01. ♂ Ibnu Subroto
      • Istri: ♀ Woro Kartini (Lihat: Gitosaputro)
  • .


Sekian.

Silahkan melanjutkan ke berkas silsilah berikutnya.